Minggu, 01 Januari 2012

Serat Centini


Wahyaning arda rubeda, ki pujangga amengêti, mêsu cipta mati raga, mudhar warananing gaib, sasmita sakalir, ruwêding sarwa pakewuh, wiwaling kang warana, dadi badaling Hyang Widdhi, amêdharakên paribawaning bawana.

Mangkya darajating praja, kawuryan wus sunyaruri, rurah pangrehing ukara, karana tanpa palupi, ponang paramengkawi, kawilêting tyas malatkung, kongas kasudranira, tidhêm tandhaning dumadi, ardayengrat dening karoban rubeda.

Ratune ratu utama, patihe patih linuwih, pra nayaka tyas raharja,, parandene tan dadi, paliyasing kalabêndu, malah sangking andadra, rubeda kang ngrêribêdi, beda-beda ardane wong sanagara.

Katatangi tangisira, sira sang paramengkawi, kawilêting tyas duhkita, katamaning reh wirangi, dening upaya sandi, sumaruna anarawung, pangimur manuara, met pamrih melik pakolih, têmah suha ing karsa tanpa wêweka.

Dhasar karoban pawarta, babaratan ujar lamis, pinudya dadya pangarsa, wêkasan malah kawuri, yen pinikir sayêkti, pedah apa aneng ngayun, andhêdhêr kaluputan, siniraman banyu lali, lamun tuwuh dadi kêkêmbanganing beka.

Ujar paniti sastra, awawarah asung peling, ing jaman kêneng musibat, wong ambêk jatmika kontit, mangkono yen niteni, pedah apa mituhu, pawarta alawora, mundhak angraranta ati, angur baya ngikêta cariteng kuna.

Kêni kinarya darsana, panglimang ala lan bêcik, sayêkti akeh kewala, lalakon kang dadi tamsil, masalahing ngaurip, wahananira tinêmu, têmahan anarima, mupus papasthening takdir, puluh-puluh anglakoni kaelokan.

Amênangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, melu edan nora tahan, yen tan milu anglakoni, boya kaduman melik, kalirên wêkasanipun, dilalah karsa Allah, bêgja-bêgjane kang lali, luwih bêgja kang eling lawan waspada.

Samono uga babasan, padu-padune kepêngin, nggih mekotên Paman Dhoblang, bener ingkang angarani, nanging sajroning batin, sajatine nyamut-nyamut, wis tuwa arêp apa, muhung mahasaning ngasêpi, supayantuk parimarmaning Hyang Suksma.

Beda lamun kang wus santosa, kinarilan ing Hyang Widdhi, satiba malanganeya, tan susah ngupaya kasil, saking mangunah prapti, Pangeran paring pitulung, mara samaning titah, rupa sabarang pakolih, parandene masih tabêri iktiyar.

Sakadare linakonan, mung tumindak mara ati, anggêr tan dadi prakara, karana wirayat muni, iktiyar iku yêkti
pamilihe reh rahayu, sinambi budi daya, kanthi awas lawan eling, kang kaesthi antuka parmaning Suksma.

Ya Allah ya Rasulullah, kang sipat murah lan asih, mugi-mugi aparinga, pitulung ingkang nartani, ing alam awal akir, dumunung in gêsang ulun, mangkya sampun awrêdha, ing wêkasan kadi pundi, mila mugi wontêna pitulung Tuhan.

Sagêda sabar santosa, mati sajroning ngaurip, kalising reh aru-ara, murka angkara sumingkir, tarlen mêlêng malatsih, sanityaseng tyas mamasuh, badharing sapu dhêndha, antuk mayar sawatawis, borong angga suwarga mesi martaya.

Tidak ada komentar: